SANGKAN PARANING DUMADI
--------------------------------------
kawedar mdamel boso
ngoko..supados saget
dipun penggalih ..sedulur
ingkang mboten saget kromo..inggil..pangapunten . sak durunge manungso
dumadi/utowo
sakdurunge manungso lair
ono alam
ndonyo..manungso iku
durung duwe jeneng (asmo/asma/nami/nama/
aran/juluk/tetenger)
ateges durung ono (utowo
ORA ONO).
sak wise manungso lahir/
dumadi ..lagi duwe jeneng (asmo/asma/nami/nama/
aran/juluk) ateges ONO,
yen mangkono manungso
iku asale ORA ONO banjur
ONO lan mbesuk bakal bali
ORA ONO.maneh utowo (NIRWONO)/SAMPURNO
(Sesungguhnya kami
adalah milik Allah dan
kepada-Nya-lah kami
kembali
Al-Baqarah:156) DENE syarat 2e kanggo
bisane anggayuh papan
kang bakal tekan sejatine
urip kang langgeng
mau.ora ujare sopo2
nanging amung anetepi kawruh kang temen2 lahir
bathin di weruhi yo iku
jeneng kaweruh,ateges
temen2 weruh jeneng
kaweruh.
syarat 2 iku bener dudu bener tumrape
manungso..hananging
bener tumrape (........)
WONG JOWO ORA WANI
NYEBUT ASMANE AMARGO
NJANGKAR /ORA SOPAN...yo iku gusti kang
akaryo jagatgumelar.. PANGERTEN BAB ROSO LAN
ROS ROSING ROSO
----------------------------------------------------------
ROSO yoiku pirantine urip...
ROS ROSING ROSO yoiku
getetane tetenger (utowo pilah2 ing roso) tegese
roso iki ,roso ngene,roso
ngono,roso mau
kabeh..kawengku ing roso
sawutuh(ROSO SEJATI) ROSO SEJATI yoiku roso
kang ora biso owah
gingsir. pilah pilahing roso sarono
ros rosing roso.....roso mau
kabeh kelet lengket ing
badan alus lan wadag..
conto..roso
kecut ,legi ,pedes ,asin,getir ,pahit ,gurih ,lan liyane iku roso..ono ing
rosone ilat,termasuk roso
ing badan wadag.. ono ing kene krasan ono
ing kono krasan ..ono
ngendi2 krasan, semono
ugo roso gething,roso
tresno,gemes ,pegel ,dendam,
susah,bungah,iku mau ono ing ROSONING ATI (manah) ROSO
kojur,mujur,eling,lali,getun,iklash,welas
asih,nelongso..puniko .ono
ngendi2 ono lan ugo kroso
ing bathin/budi/angono
iku kalebu ROSONING PIKIR rehne wis cetho kabeh ROS
ROSING ROSO,conto yen
jangane kurang asin..lha iki
cukup ditambahi uyah,ora
susah banjur pegel..lan yen
pekoro jangan kurang uyah bae banjur
pegel ,nesu,lan muring2..yo
iki sing di arani durung
weRUH (ngerti) marang
ROS ROSING ROSO PANGERTEN BAB (REH
MANGUKUT/WARONGKO
MANJING CURIGO)
------------------------------------------------------------------------------------ Tegese..REH MANGUKUT
iku..JIWO angukut ROGO,
JIWO angringkes badan
wadag.yen samongso iki
badan wadag ono ing
njobo,jiwo ono ing njero.. HANANGING YEN
KAKUKUT, SANG jiwo
angringkes badan wadag
lumebu sak jeroning JIWO,
JIWO ing kene ateges
badan alus,banjur linambangake WARONGKO
MANJING CURIGO
poro ahli kebatinan/
kasampurnan podho
nggayuh sing koyo
mangkono iku..yen manungso wis mangerti
bab REH MANGUKUT..wong
mau keno diarani
SARJONO /SUJONO..keno
ugo diarani WONG
SEPUH,LIR ING SEPUH./ wongsepuh mau..
1.sepi howo
2.sepi ing pamuring
3.sepi ing pepinginan
4. anane mung urip sak
lumrahe manungso lumrah. (SEPI HOWO AWAS
LORONING ATUNGIL/
ATUNGGAL) BAB TEMBUNG
KEBATHINAN
---------------------------------- TEMBUNG KEBATHINAN
tegese:OLAH BATHIN/
NGOLAH BATHIN..ingih
puniko ngladi tumindak
engkang sae
sae..jumbuh..antarane tumindak lan pangucap
jumbuh lair lan bathine
supoyo manungso gesang
iku biso sampurno uripe
ono donyo aherat tansah
tumindak samubarang kabecik an ninggal
sekabehing laranganipun
GUSTI ING MOHO SUCI. BAB TEMBUNG NGELMU
-----------------------------
NGELMU iku kelakone kanti
lelaku ..ngono iku cetho
banget lan wenteh. yen wis
ngerti kudu di lakoni/ ditindak ake,yen to ora
banjur aran ORA
KELAKON...ateges muspro
ngelmune,kasare rembug
ono unen unen PINTER
CRITO NANGING TINDAKE CACAT ORA
RUMONGSO..opoto sejatine
ngelmu iku.? NGELMU yoiku..KAWERUH
SESURUPANING BATHIN,
Lha yen wis katindakake
kudu kanthi mantepe
budi,nelukake angkoro
murko ninggal tindak kang sarwo olo. BAB TEMBUNG GUSTI
--------------------------
(BAB GUSTI)
GUSTI iku soko tembung
bagus ati utowo (bagusing
ati) ati kang bagus iku ati kang resik suci/dumunung
ono hyang widhi (gusti
kang akaryo jagat ) mulo
manungso yen biso nyucek
ake atine lurus tumindak e
luhur budine ,temen suci,/ resik. ateges biso
njumbuhake lahir lan
bathine yo iku sing di arani
manunggale kawulo lan
gusti. BAB GHAIB ING GUSTI
----------------------------
kang di arani tembung
ghaib iku tegese sawijining
barang kang SAMAR.
barang kang samar iku tegese,sawijining barang
kang ora keno di grayang
nganggo tangan,kang ora
keno di deleng nganggo
mripat,kang di arani cedak
tanpo senggolan wadoh tanpo wangenan,gedene
sak mrico binubut. DUNUNGE TEMBUNG AKU
LAN SIR
-------------------------------------------
A:ALLAH
KU:KUASA
SI:SIFAT ROHMAN R: ROHIM PANGERTEN BAB LORO 2
NING ATUNGGAL...
-----------------------------------------------------
tegese...loro nanging
nyawiji..
dununge: ono ing jiwo lan rogo
JIWO iku pindane GUSTI
ROGO:iku pnindane
KAWULO
manunggale kawulo lan
gusti yo iku kang di arani LORO 2 NE ATUNGGAL
temenan kang sinebut
AMOR. TELU TELU NING ATUNGGAL
(DUNUNGE) ONO
-------------------------------------------------------
1.tetenger:(jeneng/asmo/
asma/nami/nama/aran/
juluk/tetenger) 2.ingsun:(AKU)rogo wadag
(rogo sawutuh)
3. urip: (ALLAH) SEMBAH ROGO: sembahing
awak/rogo(utowobadan
wadag)
CONTO:sembahyang semedi SEMBAH CIPTO
(KALBU):sembahe pikir/
akal SEMBAH JIWO: sembahe
mental,budi (karakter) SEMBAH ROSO: pirantosing
gesang ingkang tansah
wonten korban perasaan. KAWERUH BAB ONGKO 0
NGANTI 20 KANG ONO
GANDENGE MARANG SIFAT
20
-------------------------------------------------------------------------------------
--------------- ONGKO 0 = nol ,tegese
nunjuk ake yen
kosong,lungguhe ono
bocah cilik isih kosong
durung duweni kaweruh/
pangerten opo opo/wang -wung. ONGKO 1 = SIJI , tegese
soko tembung isi lan aji
(isine aji) dudu ajine mas
picis rojo brono.nanging
ajine DIRI PRIBADI,
dununge wong kang becik diri pribadine bakal di aji 2
karo sak podo padane
mulo siji lungguhe ono ing
GUSTI soko tembung
BAGUSING ATI sing
mujudake ongko siji (1) iku ongko 0 (nol) utowo
ujude ongko siji iku soko
ongko nol. ONGKO 2 = (LORO),
dununge ono bopo lan
biyung,lungguhe isi donyo
iku loro cacahe,ono
bungah ono susah,ono
rogo ono sukmo,ono awan ono bengi,ono lanang ono
wadon..lan sakteruse. ONGKO 3 = (TELU) dununge
manungso duwe sifat
telung prakoro,
URIP,ROSO,ROGO/
GOLEK.NYEKEK,MATEK,tumrap
bebrayan BOPO,IBU , ANAK. ONGKO 4= (PAPAT) ,
dununge.manungso due
sedulur papat,
1. mutmainah rupane
putih-banyu.
2.amarah rupane abang- getih.
3. supiah rupane kuning-
angin.
4.aluamah rupane ireng-
lemah.
yen ono petungan keno ugo keblat papat. ONGKO 5-(LIMO) dununge
ono keblat papat limo
pancer/lungguhe yen ono
toto lahir ono ing ZISIM lan
sing mikul pendoso. ONGKO 6=(NEM) soko
tembung= nemu dununge
ono sedulur papat limo
pancer 6,ono ing
ayang2an ,
toto lahir ono ing wetan,kidul,kulon ,lor,duwur
lan ngisor. ONGKO 7 =(PITU) lungguhe
ono dino
akad,senin,seloso,rebo,kamis,jum'at,sabtu /
onone
kulit,daging,balung,sungsum,otot,lan
getih. ONGKO 8 =(WOLU) tegese
ojo uwal marang barang
kang sing
perlu ,tamtunipun tindak
ingkang sae sampun
ngatos lirwa ake ,lungguhe ono SEWINDHU 8 wolong
tahun (WALI WOLU). ONGKO 9- (SONGO) iku
pangertene bayi iku topo
ono guwo garbane ibu
suwene 9 sasi (umumipun),
lungguhe ono ing wali
wolu songo tinari/tinutup. ONGKO 10=(SEPULUH)
dumadi soko ongko 1 lan
0...ongko iki wis paring
sasmito marang manungso
yoiku kumpule kawulo lan
gusti,kang diarani SILIH - SINILIHAN.tegese= urip
yen ora nyilih/nganggo
ROGO biso mobah mosik
kasampar kasandung
prasasat tanpo aji.semono
ugo ROGO yen wis dioncati dening URIP yo yo wis ora
mobah mosik,tanpo
aji,terange maneh,ongko 1,
(siji) yen ora nganggo
ongko nol (0) ora biso
muni ongko sepuluh. ONGKO 11=(SEWELAS)
dumadine ongko sewelas
paring pasemon marang
kito naliko bopo lan
biyung dadi temanten di
jejerake/di temok ake. ONGKO 12 =(RO LAS) 1.SIJI
tegese URIP 2. tegese
lanang /wadon yo bopo yo
biyung pangertene 12
(rong elas) UTOWO RONG
IJI / URIP 1 SIJI ngerong ono / manggon ono wong
2 (loro)yo bopo biyung. Ongko 13= (telulas) tegese
URIP iku nguripi telung
prakoro, dununge
1.nguripi manungso.
2. nguripi kewan2.
3.nguripi wit witan lan jagad sak isine. ONGKO 14=(PAT BELAS)
tegese URIP IKU NGURIPI
PATANG PRAKORO.
1.NGURIPI BANYU.
2.NGURIPI GENI.
3. NGURIPI ANGIN. 4.NGURIPI LEMAH. ONGKO 15=(LIMOLAS)
tegese URIP NGURIPI
LIMANG PRAKORO.
1.NGURIPI KUPING.
(PANGRUNGU)
2.NGURIPI MRIPAT. (PANDELENG)
3.NGURIPI IRUNG.
(PANGAMBU)
4.NGURIPI CANGKEM/
LAMBE (PANGRAOS)
5.NGURIPI ILAT(PENGECAP) ONGKO 16=(ENEM BELAS)
tegese URIP NGURIPI 6
PRAKORO.
1.NGURIPI MUTMAINAH
2.NGURIPI AMARAH.
3.NGURIPI SUPIAH 4.NGURIPI ALUAMAH
5.NGURIPI AYANG-
AYANGAN
6. NGURIPI WUJUD GLEGER. ONKO 17 = (PITULAS)
tegese URIP NGURIPI 7
PRAKORO.
1.NGURIPI WULU
2.NGURIPI KULIT
3.NGURIPI DAGING. 4.NGURIPI BALUNG.
5. NGURIPI SUNGSUM.
6. NGURIPI OTOT.
7. NGURIPI GETIH. ONGKO 18 -(WOLU LAS)
tegese URIP IKU NGURIPI
WALI 8 KAJOBO NGURIPI
ROGONE UGO NGURIPI
KALUHURANE/ASMANE.
contone... nganti sak iki isi NGGONDO ARUM
KALUHURANE LAN ASMANE.
buktine nganti sak iki akeh
wong kang podo sujud
sumungkem ono ing
PASAREANE. koyo ngono iku contone yen titah iku
biso ngemong marang
URIP KANG SEJATI. ONGKO 19 = ( SONGO LAS)
ateges URIP IKU NGURIPI 9
PRAKORO.
1.NGURIPI KUPING............. 2.
(LORO).
2.NGURIPI MRIPAT............. 2 (LORO)
3.NGURIPI BOLONGAN
IRUNG 2 (LORO)
4.NGURIPI LESAN ...............1
(SIJI)
5. NGURIPI DUBUR.............. 1 (SIJI)
6. NGURIPI WADI............... 1
(SIJI).
.------------
JUMLAH...........9 (SONGO) ONGKO 20 =(RONG PULUH?
YO SIFAT RONG PULUH
tegese.. URIP IKU NGERONG
ONO BOPO LAN BIYUNG
WONG LORO KANGGO
NGERONG URIP 1 (SIJI) DADI LORO LORONING
ATUNGGAL TOTO LAIR ONO
ING KONO MULO IKU JEJERE
MANUNGSO KENO DI ARANI
(SASTRO JENDRO
YUNINGRAT) . (SASTRO JENDRO
YUNINGRAT)
tegese TULISING GUSTI
KANG CETHO DUMUNUNG
ONO WUJUD ING MANUNGSO
LANANG LAN WADON.MULO MANUNGSO BISANE
NGGAYUH BUDI LUHUR/
RAHAYUNING WIWITAN
LAN PUNGKASAN,SENAJAN
MANUNGSO IKU DIWENANG
AKE DUWE KAREP NGGAYUH DONYO BRONO
KUDU MANUT MARANG
KRENTEG KE ATI KANG
RESIK ,BISO O NGEMONG
URIP KANG SUCI, NULI BISO
SAMPURNO LAIR LAN BATHINE. KAWERUH BAB AKSORO
JOWO/SING DIARANI SIFAT
20(RONG PULUH)
-------------------------------------------------------------------------------------
-
Aksoro jowo iku cacahe ono :2o (rong puluh) yo
iku,
HA,NO CO,RO
KO,DO,TO,SO,WO,LO,PO,DHO,JO,YO,NYO,MO,GO,BO,THO,NGO.sifat
rongpuluh (20) mau
dunuinge ing toto lair ono drijine
manungso,tembung2 swiji-
sijine iku mau ugo duwe
kawibawan/teges dewe2. HA: HURIP
NA: NUR
CA:CAHYO
RO:ROH
KA:KUMPUL
DA :DAT TA : TES
SA: SIJI
WA:WUJUD
LA:LANGGENG
PA:PAPAN
DHA:DHAWUH DJA :DJASAD
YA :NYAGUHI
NYA :NYAH/PASRAH/
(NGELUNG AKE)
MA:MARGO/DALAN
GA:GAIB BA:BABAR
THA:TUKUL
NGA:NGALAM GUMILANG BAB AKSORO 20 KANG DI
GANDENG NGAREP LAN
MBURI,WIWITAN ANTUK
PUNGKASAN
-------------------------------------------------------------------------------------
------------------------ HA+NGA:HANGA tegese :
hangen hangen.
NA+THA:NATHA
tegese :nutuk
CA+BA :CABA
tegese :coblong/bolong. RA+GA :RAGA
tegese :rogo /awak.
KA+MA :KAMA
tegese :widji.
DA
+NYA:DANYAtegese :donyo/ dunia
TA+YA :TAYA
tegese :toyo/banyu.
SA+JA :SAJA tegese :siji.
WA+DHA:WADA
tegese :wadah. LA+PA :LAPA
tegese :lampus SIFAT 20 DI JUPUK 9 =11
SONGO(9) soko: aksoro
HA.....WA IKU MANGGON
ONO SIFAT WONG
LANANG,SEBAB WONG
LANANG DUWE BOLONGAN SONGO. SEWELAS(11) soko :aksoro
BA....NGA.iku manggon
ono sifate wong wadon
sebab,wong wadon duwe
bolongan sewelas (11)
kacek 2(loro)karo wong lanang,lungguhe ono ing
tetek. PANGERTEN BAB HAWA
NAFSU
---------------------------------------
HAWA : tegese angkoro/
pengaruh angkoro
NAFSU: tegese kekuatan / doyo panyurung HAWA NAFSU :
tegese :angkoro murko
kang kasurung dening
kekuatane syetan. BAB SEDULUR PAPAT LIMO
PANCER
-------------------------------------------
1. MUTMAINAH : lungguhe
ono djantung wujude
arupa banyu rupane putih wateke suci tur temen
lawange ono IRUNG irung
kuwi perangone awak
kang temen dewe
conto: ono wong goreng
gerih.mripat dulung weruh nanging irung wis
weruh,,buktine
mambu.yen dinyatakke
jebul yo nggoreng gerih
temenan.ewo semono isih
biso goroh. conto: trasi ambune ora
enak nanging yen di
pangan rasane
enak,buktine di butuh ake
wong akeh.
conto maneh: kembang iku ambune wangi nanging
yen di pangan rasane pahit. 2.AMARAH :lungguhe ono
empedu (peru) wujude
getih ,rupane abang
wateke,keras ,angkoro
murko/
brangasan,lawange.ono.ing kuping.katerangane
manungso biso
ngrasakake olo l;an
becik.margo duwe
kuping ,manungso duwe
karep olo lan becik margo soko doyone GETIH sebab
getih kang gawe mobah
mosike karepe manungso.
mulo manungso tanp[o
getih abang kahanan
jagadora bakal rame koyo kang kito lungguhi sak iki. 3.SUPIYAH: lungguhe ono
pusuh.wujude angin
rupane kuning,wateke
nggugu kasenengan
utowo ngumbar HOWO
NAFSU lawange ono ing mripat.mulo mripat iku
keno di arani lanange
jagad. mripat kanggo
deleng barang gumelar,
mulo manungso duwe roso
pengen margo mripate weruh,supiah lawangane
ono mripat wujude angin
kang metu soko IRUNG. 4. ALUAMAH :lungguhe ono
ing waduk dene waduk
iku gedonge panganan.yen
usus gedonge
kotoran.ALUAMAH Wujud
lemah rupane ireng .wateke seneng
ngrasak ake panganan
sing enak2 butuhe mung
seneng/lan enak2
lawangane ono ing
CANGKEM mulo biso ciloko yo soko cangkem soko
tembunge dewe.mulo
CANGKEM duwe teges:
CANCANGEN SUPOYO
MINGKEM, tembung olo lan
becik iku manggone podo wae mulo tinimbang
guneman tembung sing olo
olo aluwung sing becik2. 5.DJANGKEPE 5.LIMO yo iku
sing di arani URIP KANG
NGURIPI PATANG
PRAKORO ,KANG KASEBUT
ING DUWUR utowo sing di
arani sedulur papat(4) kalimo pancer yoiku
pancere ono ing URIP
KATERANGANE:MUTMAINAH,AMARAH,SUPIYAH,ALUAMAH ..kabeh
di wengku deening URIP. KEBLAT PAPAT(4) LIMO (5)
PANCER ING TOTO LAHIR
----------------------------------------------------------------
manungso duwe tangan
tengen
manungso duwe tangan kiwo
manungso duwe sikil
tengen
manungso duwe sikil kiwo
kang kalimo(5) yoiku
gembung: kang di arani a.BAITUL MAKMur
B.BAITUL MUKAROM
(MUHARAM)
C, BAITUL MUKADAS
(MAQDIS)
TETELU MAU keno di arani TELU TELU NING ATUNGGAL. BIBIT DUMADI
-------------------
1.BAYI UMUR 1.WULAN
AKSORONE (DJO) disebut
NUKAT GHAIB,banyune
nurmani,segarane layar putih,gedhonge kumalah
arane RIRIS TANGIS. 2.BAYI UMUR 2 WULAN
AKSORONE (Y0)di sebut
KOAT GHAIB, banyune nur
buat,segarane rante arane
KISMO DJATI. 3.BAYI UMUR 3 WULAN
AKSORONE (NYO) disebut
RIDJALOLAH
GHAIB,banyune NUR
ROSO,segarane KUMOLAH ,
arane HYANG WIDHI. 4.BAYI UMUR 4 WULAN
AKSORONE (MO) disebut
RIKMO DJATI.banyune NUR
KUMORO DJATI,SEGORONE
BINDARI SUCI ,ARANE
SANG HYANG ADJI. 5.BAYI UMUR 5 WULAN
AKSORONE (GO) disebut DJO
KUMOLO , banyune NUR
KISMOYO, segarane
IMOLOYO, arane SANG
HYANG BRAHMO wujude SEDULUR 5(LIMO). 6.BAYI UMUR 6 WULAN
AKSORONE (BO) disebut
ROSO HENDRO
MOYO,banyune NUR
CAHYO,segarane KUMORO
DHANU, arane MANU MANINGKEM MANUNGGALE
KAWULO LAN GUSTI
WUJUDE ROSO 6
(NEM)PRAKORO. 7.BAYI UMUR 7 WULAN
AKSORONE (THO) disebut
WARINGIN SUNGSANG
banyune TALI ROSO,ROSO
TALI,segarane segoro
MADU NIRMOLO,arane HERU SETO DJINGGO MOYO DJATI.
wujude KAWAH- ARI ARI. 8.BAYI UMUR 8 WULAN
AKSORONE (NGO) disebut
MAYANG KUMORO SARI,
banyune MANIK
GITO,segarane CUPU PURBO
MISESO arane DJONO LOKO DJATI,wujude KAKANG
MBAREP ADINE WURAGIL. 9.BAYI UMUR 9 WULAN
AKSORONE (WI-WO)
disebut HENDRO LOKO
DJATI banyune NUR TIRTO
MOYO,segarane TANPO TEPI
arane SASTRO JENDRO YUNINGRAT WUJUDE
SADAD TANPO SABDU.
banjur bayi lahir BYAR
PADHANG.DJAGAT
GUMELAR WUJUDE LINTANG
DJOHAR DUMADI INGSUN KANG SINEBUT AYU
LINTANG AL GHONIYYU. PANGERTEN BAB DUNUNGE
ANGKORO KANG MANGGON
ONO TRILOKO /JAGAD
TETELU
-------------------------------------------------------------------------------------
---------------------- TRILOKO KAPILAH DADI 3
PRAKORO
---------------------------------------------
1.GURU LOKA :ono ing pikir.
2. INDRO LOKA:ono ing ati/
manah/poncodriyo. 3.DJONO LOKO : ono ing
syahwat(blegere ono ing
zdakar.
yen angkoro pinuju ono
ing GURU LOKA
(PIKIR)manungso kepingin DRAJAD-SEMAT-KRAMAT.
yen angkoro pinuju ono
ing INDRO LOKA/PONCO
DRIYO.manungso kepingin
MENANG DEWE,KUWAT
DEWE UNGGUL DEWE. yen angkoro pinju ono ing
DJONO LOKA yo iku
SYAHWAT yen krodo
ngidap- ngidapi jer triloka
mau kasebut papan
KEDHATONE GUSTI, yen ngantiyo JAGAD TETELU
mau kabeh kaleker ing
(dene) angkoro prasasat
manungso urip iku ngingu
DOSO MUKO lha yen
mangkono kito kabeh banjur rugi ora biso nompo
PEPADHANGING GUSTI yen
mangkono mau tansah
kito umbar mesti bakal
dadi rubedaning ing
NGAGESANG (URIP) yo koyo mangkono iku yen
manungso LURU ILMU
TANPO LAKU. SAMPURNANING DUMADI
---------------------------------
manungso kudu weruh
dununge TIRTO PAWITRO
MAHENING SUCI.
TIRTO = BANYU. PAWITRO = PANGURIPAN.
MAHENING=WENING/
BENING.
SUCI =RESIK.
iku dumunung ono ing
DIRI PRIBADINE dewe dewe.carane kudu laku
ono alam lakyono yo ALAM
MATI SAK JERONING URIP
ngungak menyang ALAM
LOKANTORO/ALAM JATI/
ALAM LANGGENG. LOKANTORO tegese wates/
antoro. wates antarane
ALAM ALUS lan ALAM
KASAR. ing kono ono
wewujudankoyo dene
gumuk TAWON GOLEK JUMONO yo iku
wewujudane sedulur kito
kang aran,KAWAH -ARI
ARI. golek
jumono ,gatrane bakal
manungso,ing kono bakal anyurupi dalan prapatan
yo wewujudan 4
prakoro .yo cahyo 4
prakoro.
cahyo abang iku jagade
KANEPSON. cahyo kuning iku jagade
KASENENGAN.
cahyo putih iku jagade
KASUCIAN/SUCI
cahyo ireng iku jagade
KAROSAN/KEKUATAN. MANUNGSO mbesuk yen
bali ,tetep kudu milih SUCI
dalan kang putih ,ing kono
bakal biso sowan mring
GUSTI KANG MOHO SUCI. .mugi krenteg e manah
meniko tansah
hambegawan cipto
ning ..lan sedoyo ingkang
kawedar wau tansah
andadosaken pangenget khususipun ten diri pribadi
kulo meniko.. monggo nderekaken
minggah ing sanggar
pamujan hanetepi
darmaning agesang
nggayuh pakarti
manungso ,mahening suci lungguhing pribadi,mawas
raos sak jeroning
batos,madhep
manthep,manther,manembah
mring gusti engkang moho
suci. (sedulur papat njobo)lan
(sedulur pitu
njero)kepribadian
nggayuh pakarti maungso
jati
------------------------------------------------------------------------------------- --------------------
!.assalamualaikum sedulur
pribadiku sing manggon
ono ing wetan..putih
rupane asal usule soko
saripatine lemah kang duweni sifat mutmainah
kang aran(...............).
2.assalamualaikum sedulur
pribadiku sing manggon
ono ing kulon ...kuning
rupane asal usule soko sari patine banyu duweni sifat
sufiah kang aran (..........)
3.assalamualaikum sedulur
pribadiku sing manggon
ono ing lor ireng rupane
asal usule soko sari patine angin kang duweni sifat
aluamah kang aran (...........)
4.assalamualaikum sedulur
pribadiku sing manggon
ono ing kidul abang
rupane asal usule soko sari patine geni kang duweni
sifat amarah kang aran
(...........) (sedulur pribadi pitu njero)
1.assalamualaikum sedulur
pribadiku kang aran(......)
sing mangon ono ing
epek2 tangan loro lan sikil
loro. 2.assalamualaikum sedulur
pribadiku kang aran
(......)sing mangon ono ing
ayang ayang,
3.assalamualaikum sedulur
pribadiku kang aran (......)sing manggon ono ing
wulu sakm kojur awak.
4.assalamualaikum sedulur
pribadiku kang aran
(.......)sing manggon ono ing
igo wekas sisih kiwo. 5.assalamualaikum sedulur
pribadiku kang aran
(.......)sing manggon ono ing
igo wekas sisih tengen.
6.assalamualaikum sedulur
pribadiku kang aran (.......)sing manggon ono
telenging kalbu.
7.assalamualaikum sedulur
pribadiku kang aran
(.......)sing manggon ono ing
ubun ubun. (kunci sangkan paraning
dumadi)
-----------------------------------------
hyang sukmo sejati
seksenono ingsun kirim
gondo arum kang dak kirim sedulurku kang lahir
bareng sedino kang dak
sebut kakang kawah -adi
ari ari kakang mbarep
adine wuragil...kang adoh
tanpo wangenan cedak tanpo senggolan yo iku
titipane wong tuwaku
lanang lan wadon ,kakang
kawah- adi ari ari moro
tampanono kiriman gondo
arum iki,dak suwun jumbuh dadi siji karo
syang hyang sukmo sejati.. (bibit dumadisangkan
paraning dumadi)
-----------------------------------------------
tes putih soko bopo tes
abang soko biyung wujud
gedong cagak papat lawange songo gumantung
tanpo centelan isen isene
HYANG SUKMO
SEJATI..lungguhe ono
batinku kang
suci ,kanggonan wekasan URIP SEJATI,kang aran DAT
lan SIFAT weruh
sakdurunge winarah tetep
madhep manthep langgeng
sak kodrat ingsung dadio
sak ciptaningsun.. BAB UGERING
NGAURIP,BAB URIPE LAN
TRI PRAKORO
------------------------------------------------------------------- UGERE URIP
---------------
UGERE URIP= utowi sing di
arani patokan/
gegebengane wong urip.
TRI PRAKORO ------------------
dununge
ono=WIRYO,HARTA,TRI
WINASIS
------------------------------------------------------
1.WIRYA -----------
tegese ngaluhur/trahe
wong gede,dununge ing
kene sing luhur lan gede-
iku
BUDINE LAN DRAJAT URIPE nanging ing kene mowo
pangerten trahing
ngaluhur durung mesti yen
luhur,darahe biso ugo
luhur nanging watak e biso
ugo jahat. conto:begawan wisrowo
iku wiku tur
luhur...kaluhurane di
percoyo marang prabu
SUMALI...ananging keno
opo putrane kang aran DOSOMUKO kok ora
luhur,malah kacarito dadai
gelah-gelahing bumi
leleteke jagad,
BEGAWAN DURNO iku
pandito(resi) ugo putro BEGAWAN BARAT WOJO
keno opo watake culiko
palsu lan drengki.. SANTRIN KINONO
kamongko wong pidak/
pidacakan/ananging
deweke LURUS ATINE LAN
LUHUR BUDINE SANTOSO
BATHINE buktine biso tetulung marang darah
barata pandowo lan kalis
soko beboyo kobongan
soko patrape poro
kurowo.dadi tembung
LUHUR iku dumunung ono ing BUDI ora ono ing turun. 2.HARTA.
-----------
tegese donyo brono/
sugih/nanging pangerten
ing kene ora mung sugih
ROJO BRONO nanging sing perlu sugih KAWERUH
sugih NGELMU.iku bakal
sugih pangapuro sugih
panarimo sugih sabar sugih
temen sugih pangati ati
sugih sedulur rukun sak podo podo jalaran
kaweruhe warno2 biso
mumpuni lan akeh kadang
kadange.. 3.WASIS
-----------
ing kene mowo teges
PINTER,wong pinter lan
akeh kaweruhe iku ora
bakal susah lan kuwatir ing mburine,pokok pintere
mau ora kango minteri
konco -kancane utowo
kanggo tumindak
sanubarang kang ora
apik/nerak angger- anggere ngaurip, dadi telu
-telu mau kabeh kito biso
ngregem/kadunungan/
nanging-yen telu2 mau/
telung prakoro/sirno
tilasing jalmo ateges sirno manungsane sing kari
amung sifat kewane.koyo
mangkono mau yen
manungso ora merlokake
UGER2ING NGAURIP
termasuk ora waspdo marang sifate TRI
PRAKORO
(WIRYO,HARTO,TRI
WINASIS). OLAH KEPRIBADIAN
AGUNGPAMBUDI72 ing
wayah bengi
iki...10/06/2010
Tidak ada komentar:
Posting Komentar